Kamis, 09 Mei 2013

Sejarah Souljah



Sejarah Souljah
Nama Souljah sejatine dijupuk saka tembung soldier ing basa Inggris.[1] [2] Tembung iku banjur diujaraké nganggo logat Jamaika dadiné souljah. Band iki rumangsa dadi pejuwang, pejuwang karyané dhéwé, pejuwang indie, lan uga pejuang musik Jamaika.[1] Dudu mung reggae kang dadi aliran musiké Souljah. Sakabèhing genre Jamaican Music, wiwit saka SKA, Rocksteady, dub lan cehall uga dadi garapané. Band kang madeg wiwit taun 1998 iki kaprabawan saka musisi-musisi kang ana gegayutané karo unsur jamaican music wiwit saka grup lawas tekan grup band anyar. Skatalites, Desmond dekker, The Wailers, The Upsetter, The Aggrolites, Westbound Train, No Doubt, 311, Long Beach Dub Allstars, Bob Marley, lan liya-liyané. Dene rengrengan musik disalarakae karo rengrengan album kang digarap. Band kang digawangi Danar (vokal), Sa'id (toasting), Renhat (bass), Bayu (gitar), David (keyboard), lan Vino (saxophone) wis duwé rong album yaiku Breaking the Roots (2005) lan Bersamamu (2007).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar