Sejarah
Souljah
Nama Souljah sejatine dijupuk saka
tembung soldier ing basa Inggris.[1] [2] Tembung iku banjur diujaraké
nganggo logat Jamaika dadiné souljah. Band iki rumangsa dadi pejuwang, pejuwang
karyané dhéwé, pejuwang indie, lan uga pejuang musik Jamaika.[1] Dudu mung reggae kang dadi aliran
musiké Souljah. Sakabèhing genre Jamaican Music, wiwit saka SKA, Rocksteady,
dub lan cehall uga dadi garapané. Band kang madeg wiwit taun 1998 iki
kaprabawan saka musisi-musisi kang ana gegayutané karo unsur jamaican music
wiwit saka grup lawas tekan grup band anyar. Skatalites, Desmond dekker, The
Wailers, The Upsetter, The Aggrolites, Westbound Train, No Doubt, 311, Long
Beach Dub Allstars, Bob Marley, lan liya-liyané. Dene rengrengan musik
disalarakae karo rengrengan album kang digarap. Band kang digawangi Danar
(vokal), Sa'id (toasting), Renhat (bass), Bayu (gitar), David (keyboard),
lan Vino (saxophone) wis duwé rong album yaiku Breaking the Roots
(2005) lan Bersamamu (2007).